Senin, 11 Februari 2013


Warga Pancoh Ngadani Nyadran Lintas Agama
Rabu, 11 July 2012 | 19:16 WIB

Warga Pancoh Ngadani Nyadran Lintas Agama

Sleman, www.jogjatv.tv – Kerukunan antawisipun umat ingkang ngrasuk maneka  agami  boten namung cekap kawedhar ing lathi, ananging kedah  dipun cakaken ing gesang padintenan. Awit saking punika,  warga Dhusun Pancoh, Girikerto, Turi, Sleman sesarengan kaliyan Forum Persaudaraan Umat Beragama (FPUB) DIY, dinten Rebo (11/7) siyang, ngadani tradisi nyadran kanthi dedonga sesarengan dhateng Pasareyan Puthuk Dhusun Pancoh.
Nyadran ingkang dipun adani dening warga Dhusun Pancoh, sesarengan kaliyan FPUB DIY dhateng Pasareyan Puthuk, dinten Rebo siyang kapurwakan kanthi kirab budaya. Sadumuginipun pasareyan, warga lajeng  ngintun dhateng  pasareyan para leluwuripun,  lan  dedonga sesarengan   kanthi gentosan. Tumrap pangrasuk Agami  Buda dipun pandhegani dening Patrik, Kristen dipun pandhegani dening Pendeta Bambang Sudibyo, Islam dipun pandhegani dening Kyai Haji Abdul Muhaimin lan ingkang ngrasuk Agami Katulik dipun pandhegani dening Romo Suyatno Hadi Atmojo.
Dukuh Pancoh, Purwadi mratelakaken, warga Dhusun Pancoh sampun kaping wolu punika ngadani nyadran lintas agama. Ancasipun kangge biyawarakaken Desa Pancoh ingkang sampun dipun kukuhaken minangka Desa Eko Wisata. Nyadran lintas agama ugi mengku pangajab  kangge nglestantunaken  kaskayaning  budaya lan kangge nggatra kerukunan antawisipun sadaya umat.
Nyadran  ugi dipun estreni dening sawetawis turis saking Perancis.  Saparipurnaning adicara warga lajeng dhahar kembul minangka tandha supeketipun kekadangan ing antawisipun warga




sumber : http://www.jogjatv.tv/berita/11/07/2012/warga-pancoh-ngadani-nyadran-lintas-agama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar